Ora ono pacar sing pancen bener2 tulus, kabeh mesti tep nduwe karep ra ketang mung pengen dielus-elus. *ihik
Njaluk ngapuro ojo mung ukoro, kudu diniati tenanan seko jroning dodo. *omongopoh
Kadang bribikan malah dadi angel diburu nek kowe terlalu menggebu-gebu.
Mbribik kui dudu balapan, dadi rasah salip-salipan. *uhuk
Mbribik kok malah mung sibuk golek dukungan, rumangsane ajang pencarian bakat.
Isaku ngene, nek kowe pengen sing koyo ngono yo golek o liyo! *auwooo
"Wes jam makan siang lho iki", ha mangan kok nganggo jam, mangan ki yo nganggo ngelih. *eh
Lagi penak2 ngupil nganggo driji njuk diaruh-aruhi, waaa mesti pol le kagol plus isin setengah gengsi :))
Saben weruh cah wedok sing semok, utekke Bejo mesti kelingan iklan jadul TV "Adi ayo kita main bola lagi".
Bejo arep pasang kawat gigi, jarene ben nek pas nyipok ora lepas kendali.
Nah, modal pacaran kui mung siji, iso ngapusi. Dadi wes jelas kaum jomblo kui cenderung luwih jujur.
Sak ayu-ayune cah wedok, nek tangi turu yo tetep wae abab e mambu. *nglindur
Nek mbribik ojo gegabah, soale nek nganti loro ati raiso ditukar tambah. *auwooo
Nek pacar wes ra perhatian, dolano neng stasiun. Neng kono kowe bakal oleh ijole. "Perhatian2, kereta api siap dibrangkatkan".
- "Diam adalah emas", jargon kui ki ketoke kurang lengkap, ha emas ki yo tep ono sing imitasi je. *auwooo
#gojekgentho baca selengkapnyagojek gentho
Tidak ada komentar:
Posting Komentar